Sekar macapat inggih menika sekar ingkang nggatosaken titinanipun guru gatra, guru lagu, kaliyan guru wilangan. Sekar macapat wonten 11. Menika maknanipun tembang2 macapat :
1. Maskumambang Gambaraken jabang bayi ingkang taksih wonten kandhutanipun ingkang ibu, ingkang dereng saged dipunmangertosi kakung utawi putri. Mas tegesipun dereng semerep jaler utawi estri. Kumambang tegesipun gesangipun ngambang salebetipun kandhitanipun ingkang ibu.
2. Mijil Tegesipun sampun miyos saha ketingal saestu priya utawi wanita.
3. Kinanthi Saking tembung kanthi utawi tuntun ingkang tegesipun dipuntuntun supados saged mlampah ngambah panggesanagn wonten alam donya.
4. Sinom Tegesipun kanoman minangka kalodhangan ingkang paling penting kangge tiyang anom supados saged ngangsu kawruh sak kathah-kathahipun.
5. Asmaradana Tegesipun raos tresna dumateng tiyang sanes kang sadaya wau sampun dados kodrat Ilahi.
6. Gambuh Saking tembung jumbuh/sarujuk ingkang tegesipun menawi sampun jumbuh utawi sarujuk lajeng dipungathukaken antawisapun priya kaliyan wanita ingkang nggadhahi raos tresna kala wau, ing pangangkah supados saged nglamaphi gesang babrayan.
7. Dhandhanggula Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang nembe gumbira utawi rena ing penggalih, punapa ingkang dipunsedya saged kasembadan. Mila punapa tiyang ingkang nembe bungah saged dipunwastani tembang Dhandhanggula.
8. Durma Saking tembung darma utawi weweh. Tiyang menawi sampun rumaos kacekapan gesangipun langkung tuwuh raos welas asih dumateng kadang mitra sanesipun ingkang nandhang kacintrakan. mila lajeng tuwuh raos weweh dhumateng sesami.
9. Pangkur Saking tembung mungkur kang tegesipun nyingkiri hawa nepsu angkara murka.
10. Megatruh Saking tembung megat ruh utawi pegat nyawanipun awit sampun tit wancinipun katimbalan marak sowan dhumateng Ingkang Maha Kuwaos.
11. Pocung Menawi sampun dados mayit banjur dipunbungkus mori pethak utawi dipunpocong saderengipun dipunkubur.
Menika falsafahipun sekar macapat. Menawi wonten kalodhangan benjing kula ngepost sekar-sekar macapat supadaos kula penjengan sedaya saged mangertosi budaya jawi kaliyajng saged methik piwulang saking tembang menika. Matur nuwun.
teks menika kapethik saking www.palace.org
kanthi perubahan sakcekapipun.